Ning sewijine dina, jagad lagi udan. Peteng rubet, durung ana listrik. Mama balik sing sawah sore-sore. Bagen sore tapi wis peteng asale mendung-udan. Ning uma Cuma ana wong telu kakang-adi.
“Durung ma”
jarena kakang sing luwi gede. Anak sulung.
“ari Mimi e
mende?”
“Mimi e lagi
metu luru lauan Ma”
“Seng mau ta
bli?”
“Iya, sing awit
awan. Sampe kien durung teka”.
Ditonggoni
setengah jam masih bae durung balik. Terus jare Mama e
“Ya Wis mama e arep
metu. arep gulati Mimi. Bokat bae ana apa-apa. Jagat e peteng. Aja ana sing
pada metu, ya!”
“Iya” jare
anak-anak e
Anak-anak e pada
nunggu mama-mimi e. Sejam masih bae durung teka.
Jare kakang tua
e
“Yu,
bareng-bareng bae metu. Nggulati mama-mimi. Bokat ana apa-apa”
Boca telu iku
pada metu. Jagat e wis bengi, grigis, ake angin.
Terus bae mlaku.
Laka uma. Laka uwong. Sedalan-dalan mung ana wiwitan gede-gede. Wis suwe mlaku,
adi sing cilik ngleuh
“Ang, Wis mlaku
ado, masih bae durung ada klentaban e mama-mimi. Kien jagat toang dawa-ngempla
arane kih apa?”
“Ya wis, ari wis
pegel mah, ayo balik bae maning. Jagat kien asal e toang dawa maka aang arani
Sindang Dawa (Sindang Jawa)”
Boca telu kuen
terus balik maning. Mudun. Lagi mlaku ning peteng-peteng e, ana uwong lagi
kumpul-kumpul ning sore wiwitan.
“Ang, Kuen kuh
wong lagi pada ngapai?”
“OO kuen. Uwong
kuen iku pada lagi maen judi”
“YA wis daerah
kien tek arani e KEJUDEN”
Sing kejuden,
boca telu terus marani ngetan. Nyebrangi kali Soka (Cisoka).
Tes mentas sing
kali, boca telu nemuake watu gede. Ana loro ning pinggir e dalan. Tengen-kiwe.
Maka daerah iku diarani Watujajar (Cempaka).
Tes ning Watu
jajar, boca telu terus mlaku ngalor. Jagat masih grigis udan.
Teka ning sawah
lor ana kilat. Ceter. Bareng sing leba lor ana bayangan kaya wong wadon lagi
mlaku. Jare adine
“Ang, apa mau
kah, kaya bayangan e Mimi”
Boca telu mau
ngudag bayangan sing jare kaya bayangan e Mimi. Tes diudag, ternyata laka.
“Ya wis cung.
Daerah kien diarani KEPUTON.lan daerah
sing rada ngalor diarani MIJAHAN”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar